Yen Bisa Wong Jawa Aja Nganti Jawal
Sing diarani wong jawa ingkang kene yaiku bebrayan sing ngugemi tata cara budaya jawa ing satindak polahe lahir-bathin ing sadhengah uripe. Dene budaya Jawa iku tata panguripane sing diwarisake dening brayat jawa saka jaman kuna makuna nganti seprene. Sing dikarepake tata panguripane ora kok carane golek pangupa jawa nyambut gawe golek sandhang pangan, ananging tata carane srawung ing bebrayan sing kadulu saka solah bawane lan kandhutane atine, mobah-mosike pemikire. Mula tumanceping budaya jawa sing cumondhok ing batine sawijining pawongan, kawujudake ing solah bawa lan pangucape.
Ana 8 babagan kang dadi titikane tata panguripan budaya jawa, yaiku:
1. Anggilut Sastra Jawa
Tegese ntinaoni maca lan nulis mawa aksara jawa. Yen isih rumongso wong jawa sokur bage yen isih bisa maca buku-buku aksara jawa anggitane para pujangga jawa, kaya dene buku Cemporet, Jaka Lodhang, Senthini, Babad Tanah Jawa, Lan isih akeh liyane.
Wong jawa sing sesunung ing tlatah tanah jawa ananging wuta aksara jawa/ sastra jawa ya kalebu jawal.
2. Anggilut Bahasa Jawa
Bahasa jawa sanajan duwe unggah-ungguh singa rada njlimet , yen pancen digilut kanthi tumemen, mesthi bisa ngecakake kanthi patitis. Bisa ngetrapake basa ngoko lugu lan ngoko alus, apa dene krama lugu lan krama alus utawa krama inggil.
3. Ngrasuk Budaya Jawa
Patang perkara minangka babonane budaya jawa yaiku: cipta, rasa, karsa, lan karya .
- Bab cipta/ pamikir Jawa, Pemikire wong Jawa iku prasaja waee nanging maton. Pamikire tansah bab kebecikan, kayata ana unen-unen " Becik ketitik ala ketara".
- Bab rasa/ pangrasa Jawa, Pangrasa sing tumancep ing dhadhane wong Jawa iku rasa tresna sapadha-sapadha utawa tepa selira, rasa endah sing nuwuhake langen utawa seni, lan rasa manteg ngrungkebi agama. Rasa tresna nuwuhake budi pekerti sing mulya linambaran rasa susila. Rinasa ing wardana yen Gusti Sing Mubeng Dumadi anggelar jagad rayalan sgung panguripan iki mesthi linambaran ing rasa tresna asih.
- Karsa utawi karep, Karsa iku kekarepan tumindak amrih bisa nyukupi butuhing ngaurip. Karep ing anggaring wong Jawa iku tansah dikendhaleni dineng pangarsa sing susila lan pamikir sing tumawa.
- Karya, Karya iku minagka pengajawantahe cipta, rasa, lan karsa, sing kasok ing tindak laku lan pekolahe. Wujuding karyaning wong bisa dinulu, rinasa ing ati, bisa rinunggu, bisa ginrayang, bisa rinasa ing ilat lan dirungaokake kupinge.
4. Solah bawa trapsila Jawa
Wong Jawa nduweni trapsila andhap asor, sikep ngapurancing, ngajeni liyan Tumungkul amari kelu. Sanajan ta sugih ngelmu, numpuk raja brana nglungguhi pangkat lan nyunggi drajat, trapsilane tetap prasaja.
5. Anresnani busana Jawa
Busana jawa iku brukut-primpen kanggo wong lanang ana dena wong wadon. busana Jawa kebak trapsila ngayomi salira. Nutupi wewadi. Busana adat jaman kuta, tumrap wong lanang ngnggo klambi surjan, jatitan, sirahe nganggo udheng utawa blangkon. Dene wong wadon ya jaritan, nganggo klambi kebayak, sirahe ana sing kudhungan mukena uatawa kain tipis liyane, ana sing gelungan wae. Sing cetha salira tan binuka, primpen.
6. Karem boga Jawa
Tegese remen panganan Jawa yaiku panganan sing kulina dipangan wong Jawa
7. Tata urip Saraya
Urip saraya iku tata urip sing bantu-binantu, gotong royong, genti-genten mbyantu. Awit piwulange wong Jawa bab tulung tinulung iku wis kasok ing unen-unen aweh akeh teken marang sing kaluyon, aweh payung marang sing kodanan, aweh kudhung marang sing kepanasen, aweh banyu marang sing ngelak, aweh pangan marang sing kaluwen.
8. Percaya mring piwales
Wong Jawa saka jaman kuna-makuna tekan saiki tansah ngagemi piwulange wong tuwa yen tumindak becik alna ala iku kabeh ana piwalese saka sing gawe urip. Awit Gusti Sing Murbeng Jagad iku asipat adil. Percaya marang benere piwulang sing kasok ing unen-unen. "Sing becik ketitik, sing nandur bakal ngundhuh. Ngundhuh wohing pakarti.
Liding carita, kabeh kang bineber iku nuduhake kepribadene wong Jawa. Sing uwal saka kapribadhene wong Jawa. Awit Jawane wis uwal.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar