Selasa, 30 Oktober 2012

Wacana Deskripsi

    Wacana Deskripsi yaiku wacana kang nggambarake kanthi cetha sawijining kahanan (objek). Objek mau kaya-kaya ana ing ngaraepe wong kang maca. Objek bisa kedadeyan saka kahanan, prastawa, manungsa, utawa barang.
    Miturut KBBI (2001-258) deskripsi tegese "pemaparan atau penggambaran dengan kata-kata secara jelas dan terperinci.
Tuladha:
    Dumugi titik wanci punika, mbok menawa dereng wonten ingkang manggihaken kwali dawa (kwangsul panjang). Kwali yen zaman rumiyen dipun damel saking siti (lempung), lajeng zaman saya majeng wonten ingkang kadamel saking panci (email), lan ugi saking alumunium. Naminipun panci email, lan panci alumunium. Nanging boren panjang. Dados inggih tetep bunder lan mawi tutup.
    Dene dhingkel, wonten ingkang nyebut luweng, wonten ingkang nyebut pawon (papan awu). Yen damelan kasongan kacithak, naminipun keren. Yen dhingkel (luweng kadamel paten) boten saged kausung/ kapindah. Yen kajunjung kapindah pundi kemawon saged. Bedanipun keran lan dhingkel (luweng). Yen keren saged dipun tmpangi ceret utawi kedhil utawa kwali setunggal. Yen dhingkel saged kangge masak tiga sareng-saren kados yen sapunika komor gas bolongan tiga. Yen keren kados kompor nampung bolong setunggal. Mbok menawi kanthi punika sedaya sampun dhong?

Kapethik "Digodhog Kwali dawa dipanggang dhikel menggah"
Panjembar Semangat 01/2006

Wawancara Narasi

Miturut KBBI Edisi Ketiga (2001:774) sing diarani narasi “pengisahan suatu cerita / kejadian, cerita atau deskripsi suatu kejadian atau peristiwa; kisahan, tema karya seni”.
Dadi narasi tegese karangan sing nyritakake sawijining crita utawa kedadeyan, nggambarake prastawa (miturut KBBI). Ana maneh tegese macana narasi kang luwih jangkep, yaiku wacana kang mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan kaya-kaya wong kang maca nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe prastawa mau. Tembung liyane nerangake menawa narasi iku wacana kng nyritakake kanthi cetha rerangken tumindhak sajroning prastawa kang winatesing sawijining wektu.
Wacana narasi ana werna loro :
a.  Narasi Ekspositoris
Yaiku wacana kang mung menehi ketrangan lugu / apa anane. Narasi ekspositoris iki arep padha karo eksposisi awit ancas kang tinuju titise karangan (informasi) ngenani sawijining prastawa kang dibeberake. Dadi ancas tujuane padha karo eksposisi yaiku njembarake pangertene pawongan.
Tuladha 1 :
Kepala Satuan Narkoba Polres Sumbawa, Ipda Yudi Fanani, Kemis (22/12 – 2005) ditemokake tiwas ing salah sijine kamar hotel ing kutha Mataram kanthi kahanan overdosis sabu-sabu. Polisi sing tugase mandhegani mbrastha narkoba iki dinuga tiwas sakwise  pesta narkoba jalaraning tempat kejadian perkara (TKP) ditemokake alat pengisep (bong) SS.
Tuladha 2 :
Transparancy International (TI), sawijining lembaga penelitian antikorupsi, nyebutake partai politik ing Indonesia mujudake lembaga kang paling korup ing sadawane taun 2005. Lembaga liyane sing miturut TI akeh korupsine yaiku parlemen, kepolisian, bea cukai, pengadilan, kejaksaan, lan pajek. Kosok baline lembaga sing paling aman saka korupsi yaiku lembaga-lembaga keagamaan lan lembaga non-pemerintahan (NGO).
b.  Narasi Sugestif
Yaiku wacana kang ngracik kanthi runtut nganti bisa nggugah pengangen-angene wong kang maca. Wong kang maca terus bisa njupuk sari / makna anyar, kang ora dibeberake kanthi cetha ing wacana mau. Contone dongeng, novel, roman, lan cerkak lan sajinise.

Minggu, 28 Oktober 2012

Cerkak

Unsur-unsur cerkak:
a. Tema: yaiku gagasan umum kang wus winates pinangka dadi landhesane carita/ anggitan dadi bisa dikandhakake yen tema iku jiwane carita. Upamane sawiji carita kanthi njupuk tema: Budi pekerti, bebayane narkoba, kritik sosial, pasrawungan mudha mudhi lan spiturute
b. Amanat: yaiku piwulang/ pitutur kang kepengin diaturake marang para maos kang sinandi ana sajroning carita.
Tuladha Ing crita "Andhe-andhe lumut", iku ngemu piwulang: "Janma tan kena kinara" maksude manungsa iku ora bisa dideleng saka nyandang panganggone lan rupane awake wae. Mula amanate: Aja seneng ngina wong sing ala rupane/ ala sandhangane.
c. Tokoh/Praga: yaiku wonng, barang kang nggawa prakara kang bakal lumaku ana ing crita mengko.
d. Alur/ Plot: yaiku sambung sumambunge perangan crita siji karo perangan liyane ing crita iku mau saengga mujudake urutan kang logis.

Alur iki duwe perangan:
Pengenalan: Para maos ditepunake karo kaanan, paraga, lan prakara kang bakal kagawa ing prastawa sabacute.
Penggawatan: Para praga padha nggawa prakara beda-beda.
Konflik: Prakara mau padha diugemi dhewe-dhewe anut panemuni paraga kang beda-beda.
Klimaks: Puncaking konflikkang bakal tumuju ing manunggaling panemu onjoasore panemu paraga.
Penyelesaian: Kerampungan saka konflik, piye babare carita mau.

Nulis Geguritan

  Geguritan asal saka tembung lingga gurit sing duweni teges kidung utama tembung, tulisan utawa karangan. Dene nggurit duweni teges ngripa tambang, kidung utawa rerepen. Nulis geguritan minangka nggambarake kaanane ati utawa kaanan kang lagi disandhang (seneng, sedhih lan liyan-liyane).
Tuladha:
Pituture Bapak

nak, aja cedhak kebo gupak
iku weling bapak, nalika sepisanan
aku ketampa ing SMK
bapak, aku ora arep kumpul kebo
wangsulanku bodho
sing dak karepake aja cedhak kanca sing neka-neka
sebab yen pengin apik kancane kudu apik
sapa kanca wong ala bakal ketularan ala
bareng tak gatekna pituture bapak mula prayoga
kuwatir anake cedhak-cedhak babaya narkoba
ora weruh unggah-ungguh lan tata krama.

Pethikan geguritan ing duwur nyritakake pitutur becik marang para putra. Kanthi pangajab supaya anak ngerti lan bisa bedakake barang kang apik lan ala. Sabajure dadi anak/putra kang bekti marang wong tuwa lan ngerti unggah-ungguh tata krama.

Kawuruh Bahasa Jawa

Tataran tutur bahasa jawakang baku kaperang dadi 2 yaiku basa ngoko(ngoko lugu lan ngoko alus) sastra basa krama (krama lugu, krama madya, krama inggil).
  • Ing krama lugu lan krama inggil (krama laus):
1.ater-ater
di-dadi dadipun
dak-/tak-dadi kula
kok-dadi sampeyan; krama inggil: panjenengan
2.panambang:
-e/-ne dadi ipun/-nipun
-ake dadi-aken
-ku dadi kula
-mu dadi sampeyan; krama inggil: panjenengan
  • Ing krama inggil basa ngguanakake: kula, dalem, adalem, salaras akeh sethithik ing bedane status sosial antarane pembicara lan mitara wicara.
Tuladha:
Ngoko lugu:
Dhek esuk Ibu tangi jam lima, aku tangi wis byar, kerinan.
Krama inggil:
Kala enjing Ibu wungu tabuh gangsal, kula sampun byar, kesiyangan.

Geguritan

 KERUKUNAN
(Sunardi KS)

Kerukunan iku kaya unine siter
Senajan saka senar kang beda-beda
Nuwuhake endahe wirama
Yen kabeh yaga kudu nyuwawra
Tanpa genti-genten menehi kalodhangan liyan
Ora bakal nuwuhake lagu
Kang kapenak dirungu

Kerukunan iku kaya kartika ing aksara
Nduweni papan kang merdika
Kerukunan iku kaya rmbulan lan bagaswara
Ngayehi jejibahan kang ora padha

Kerukunana iku kaya driji-driji tangan lima
Yen salah sawiji sulaya
Ora bakal nduweni daya

Kerukunan iku kaya hawa
Kang tansah mlebu-mlebu bolongane grana
Tanpa ngawistara

Sumber: Puataka Candra, April 2006

Pawarta bab kebudayaan jawa

Yen Bisa Wong Jawa Aja Nganti Jawal

  Sing diarani wong jawa ingkang kene yaiku bebrayan sing ngugemi tata cara budaya jawa ing satindak polahe lahir-bathin ing sadhengah uripe. Dene budaya Jawa iku tata panguripane sing diwarisake dening brayat jawa saka jaman kuna makuna nganti seprene. Sing dikarepake tata panguripane ora kok carane golek pangupa jawa nyambut gawe golek sandhang pangan, ananging tata carane srawung ing bebrayan sing kadulu saka solah bawane lan kandhutane atine, mobah-mosike pemikire. Mula tumanceping budaya jawa sing cumondhok ing batine sawijining pawongan, kawujudake ing solah bawa lan pangucape.

  Ana 8 babagan kang dadi titikane tata panguripan budaya jawa, yaiku:
1. Anggilut Sastra Jawa
Tegese ntinaoni maca lan nulis mawa aksara jawa. Yen isih rumongso wong jawa sokur bage yen isih bisa maca buku-buku aksara jawa anggitane para pujangga jawa, kaya dene buku Cemporet, Jaka Lodhang, Senthini, Babad Tanah Jawa, Lan isih akeh liyane.
Wong jawa sing sesunung ing tlatah tanah jawa ananging wuta aksara jawa/ sastra jawa ya kalebu jawal.
2. Anggilut Bahasa Jawa
Bahasa jawa sanajan duwe unggah-ungguh singa rada njlimet , yen pancen digilut kanthi tumemen, mesthi bisa ngecakake kanthi patitis. Bisa ngetrapake basa ngoko lugu lan ngoko alus, apa dene krama lugu lan krama alus utawa krama inggil.
3. Ngrasuk Budaya Jawa
Patang perkara minangka babonane budaya jawa yaiku: cipta, rasa, karsa, lan karya .
  1. Bab cipta/ pamikir Jawa, Pemikire wong Jawa iku prasaja waee nanging maton. Pamikire tansah bab kebecikan, kayata ana unen-unen " Becik ketitik ala ketara".
  2. Bab rasa/ pangrasa Jawa, Pangrasa sing tumancep ing dhadhane wong Jawa iku rasa tresna sapadha-sapadha utawa tepa selira, rasa endah sing nuwuhake langen utawa seni, lan rasa manteg ngrungkebi agama. Rasa tresna nuwuhake budi pekerti sing mulya linambaran rasa susila. Rinasa ing wardana yen Gusti Sing Mubeng Dumadi anggelar jagad rayalan sgung panguripan iki mesthi linambaran ing rasa tresna asih.
  3. Karsa utawi karep, Karsa iku kekarepan tumindak amrih bisa nyukupi butuhing ngaurip. Karep ing anggaring wong Jawa iku tansah dikendhaleni dineng pangarsa sing susila lan pamikir sing tumawa.
  4. Karya, Karya iku minagka pengajawantahe cipta, rasa, lan karsa, sing kasok ing tindak laku lan pekolahe. Wujuding karyaning wong bisa dinulu, rinasa ing ati, bisa rinunggu, bisa ginrayang, bisa rinasa ing ilat lan dirungaokake kupinge.
4. Solah bawa trapsila Jawa
Wong Jawa nduweni trapsila andhap asor, sikep ngapurancing, ngajeni liyan Tumungkul amari kelu. Sanajan ta sugih ngelmu, numpuk raja brana nglungguhi pangkat lan nyunggi drajat, trapsilane tetap prasaja.
5. Anresnani busana Jawa
Busana jawa iku brukut-primpen kanggo wong lanang ana dena wong wadon. busana Jawa kebak trapsila ngayomi salira. Nutupi wewadi. Busana adat jaman kuta, tumrap wong lanang ngnggo klambi surjan, jatitan, sirahe nganggo udheng utawa blangkon. Dene wong wadon ya jaritan, nganggo klambi kebayak, sirahe ana sing kudhungan mukena uatawa kain tipis liyane, ana sing gelungan wae. Sing cetha salira tan binuka, primpen.
6. Karem boga Jawa
Tegese remen panganan Jawa yaiku panganan sing kulina dipangan wong Jawa
7. Tata urip Saraya
Urip saraya iku tata urip sing bantu-binantu, gotong royong, genti-genten mbyantu. Awit piwulange wong Jawa bab tulung tinulung iku wis kasok ing unen-unen aweh akeh teken marang sing kaluyon, aweh payung marang sing kodanan, aweh kudhung marang sing kepanasen, aweh banyu marang sing ngelak, aweh pangan marang sing kaluwen.
8. Percaya mring piwales
Wong Jawa saka jaman kuna-makuna tekan saiki tansah ngagemi piwulange wong tuwa yen tumindak becik alna ala iku kabeh ana piwalese saka sing gawe urip. Awit Gusti Sing Murbeng Jagad iku asipat adil. Percaya marang benere piwulang sing kasok ing unen-unen. "Sing becik ketitik, sing nandur bakal ngundhuh. Ngundhuh wohing pakarti.
Liding carita, kabeh kang bineber iku nuduhake kepribadene wong Jawa. Sing uwal saka kapribadhene wong Jawa. Awit Jawane wis uwal.